Arsip Kategori: MATERI PELAJRAN

TEKS PRANATAADICARA


PELANTIKAN PENGURUS OSIS

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun,

Dhumateng Bapak Kepala sekolah SMP Tunas Muda ingkang dhahat kinurmatan, Bapak Wakil Kepala Sekolah Bidang Kesiswaan, Bapak/Ibu Guru, Karyawan, saha para siswa ingkang tansah winantu ing suka basuki.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya, awit kula piniji saking panitya kinen ngaturaken urut reroncening Upacara Pelantikan Pengurus SMP Tunas Muda Periode 2011/1012

Nanging saderengipun kula ngaturaken rantamaning adicara punika, sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa delem Gusti Ingkang Maha agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika taksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan, tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.

Nun inggih para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, keparengan panatacara murwakani lekasing sedya ingkang punika enggal badhe binuka lampahing titilaksana Upacara Pelantikan Pengurus OSIS SMP Tunas Muda Periode 2011/1012, kanthi ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun karantam dening panitya, nun inggih:

1. Purwaka

2. Atur palapuran saking Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan ing mangke badhe dipunsalirani dening Bapak

Rudy Rumanta, S.Pd.

3. Kepyakan/Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking

Bapak Kepala Sekolah.

4. Atur sapala saking pangarsa OSIS enggal

5. Pandonga ing mangke badhe dipunsalirani dening seksi kerohanian agami Islam

6. Panutup.

Para lenggah ingkang winantu ing bagya mulya, makaten menggah urut reroncening Upacara Pelantikan OSIS SMP Tunas Muda Periode 2011/1012. Kasuwun wontena suka lilaning penggalih para lenggah tansah hanjenengi ngantos dumugi paripurnaning gati. Nuwun, nuwun, matur nuwun.

…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,

Sumangga adicara punika kapurwakan kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowing-sowang, ndedonga kasumanggakaken…….cekap.

Adicara ingkang angka kalih nenggih atur palapuran Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan. Dhumateng ngarsanipun Bapak Rudy Rumanto, S.Pd. wekdal kula sumanggakaken.

…………………………………………………………………………………..

Makaten punika atur palapuran dening Wk. Kepala Sekolah Urusan Kesiswaan, ngancik adicara angka tiga nenggih kepyakan/ Pelantikan Pengurus OSIS kalajengaken tanggap sabda saking Bapak kepala Sekolah SMP Tunas Muda ingkang winantu ing pakurmatan Panjenenganipun Bapak Drs. Suradi, M.Pd. Pramila dhumateng Pengurus OSIS enggal, kula aturi majeng ing sasana ingkang cumawis saperlu nindakaken upacara punika lan kasuwun kersaa Bapak Kepala Sekolah paring tandha simbolis Pelantikan Pengurus OSIS enggal punika. Nuwun.

…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan,

Makaten punika adicara Pelantikan Pengurus OSIS saha tanggap sabda saking Bapak Kepala Sekolah SMP Tunas Muda. Kanthi kepyakan punika ateges dinten punika Pengurus OSIS sampun resmi kalantik lan jejibahan punapa kemawon ingkang magepokan kaliyan OSIS sampun kedah kasangkul saha katindakaken kanthi samesthinipun. Suamangga samya caos panjurung amrih pengurus OSIS enggal punika tansah pinaringan rahayu, gampil ing pamikir, saha gangsar anggenipun ngayahi sesanggeman punika. Amin.

Tumapak laksitaning adicara candhakipun nenggih atur sapala saking pangarsa OSIS enggal. Dhumateng pangarsaning Pengurus OSIS enggal, panjenenganipun Mas Bagus Panggah Widagdo kula sumanggakaken.

…………………………………………………………………………………..

Adicara salajengipun inggih punka pandonga, ingkang badhe dipunselirani dening seksi kerohanian Agama Islam. Pramila dhumateng Ibu Ulin Nuha, S.Pd. wekdal saha sasana wicara kula aturaken.

…………………………………………………………………………………..

Para lenggah ingkang bagya mulya,

Pinangka pungkasaning adicara, nenggih panutup. Pramila kula ingkang piniji pinangka pambiwara ing Upacara Pelantikan Pengurus OSIS Periode 2011/1012 punika ngaturakenb agunging panuwun saha nyuwun pangaksami mbokbilih kathah bab ingkang boten mranani penggalih panjenengan sadaya. Wusananing atur dhumateng Pengurus OSIS Periode 2011/1012 ingkang sampun kalantik, kula ngaturaken sugeng makarya, mugi tansah manggih karaharjan, rahayu ingkang pinanggih, widada ingkang jinangka.

Para lenggah ingkang dhahar kinurmatan, sumangga adicara punuika kita pungkasi kanthi ndedonga miturut kapitadosanipun sowang-sowang, ndedonga kasumanggakaken …….cekap.

Nuwun, nuwun, Matur nuwun.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

 

TEGESE TEMBUNG:

Ø Dhahat : banget (sangat)

Ø Winantu : binarengan ing ( bersama-sama di )

Ø Suka basuki : bungah, aweh; rahayu, slamet, raharja, widada, sugeng

Ø Winantu ing suka basuki : bebarengan diparingi kabungahan lan keslametan (mendapatkan kebahagiaan dan keseamatan)

Ø Mambeng (pambeng) : ngalangi (menghalangi); pambeng : alangan (halangan)

Ø Gempil : cuwil sethithik

Ø Nggempil kamardikan : nyuwil/ngurangi sethithik kamardikan (mengurangi sedikit kemerdekaan)

Ø Piniji : dipiji, dipatah, didhapuk, dipitaya, dipercaya

Ø Reroncening/reroncen : susunananing/susunan;

Ø Rantaman : rancangan, program, rencana

Ø Karana : awit, sebab, jalaran (sebab/karena)

Ø Sih : asih, katresnan; kawelasan

Ø Wilasa (S/Kw) : ngenggar-enggar, dolanan, (bersenang-senang/bermain-main)

Ø Sih wilasa : kawelasan (dikasihi )

Ø Rumentah (rentah) : tumiba, dhumawah, tumeka (dilimpahkan)

Ø Pinayungan (paying) : dipayungi (mendapat perlindungan)

Ø Rubeda : pakewuh, alangan

Ø Nir /Kw : ilang, tanpa

Ø Sambekala : kacilakan, alangan

Ø Sinuba, S/Kw(suba) : endah, kaendahan, becik ; disungga-sungga, dihormati banget

Ø Murwakani (purwa) : miwiti, memulai

Ø Lekasing sedya : wiwitaning karep

Ø Titilaksana : adicara, acara

Ø Karantam : diprogram, dirancang, direncanakan

Ø Purwaka : pambuka (pembukaan)

Ø Kepyakan : peresmian, pelantikan

Ø Hanjenengi (njenengi) : melu nunggoni ing parepatan lsp

Ø Paripurnaning gati : rampunge gawe, rampunge acara

Ø Gati Kw : laku, tindak

Ø Kapitadosan : kapercayan (kepercayaan), gegebengan, (agama)

Ø Sowang-sowang : dhewe-dhewe, piyambak-piyambak

Ø Kasumanggakaken : dipersilakan

Ø Nenggih : yaiku, (yaitu)

Ø Winantu ing pakurmatan : tansah dipunkurmati (yang selalu dihormati)

Ø Sasana S/Kw : papan, enggon, palungguhan (piwulang, pituduh)

Ø Tanggap sabda : waluyan, tanggap wacana, sesorah, pidato

Ø Sabda /S , Kw : swara, gunem, tetembungan

Ø Jejibahan : ayahan, tugas, pakaryan

Ø Magepokan : sesambungan (yang ada hubungannya dengan …)

Ø Kasangkul : nindakake gaweyan,

Ø Panjurung : panyengkuyung, pambiyantu (dukungan)

Ø Gangsar : gancar, lancer, ora ana alangan

Ø Sesanggeman : ayahan, gaweyan sing kudu karampungake/katindakake

Ø Laksita S/Kw : laku

Ø Atur sapala : (sepatah kata)

Ø Pambiwara : pranatacara, panatacara, pranata adicara, MC

Ø Nyuwun pangaksami : nyuwun pangapura, njaluk pangapura (minta maaf)

Ø Mboten mranani penggalih : kurang berkenan di hati

Ø Widada ingkang jinangka : katekan sing dikarepake (terlaksana apa yang dicita-citakan)

Ø Sugeng makarya : selamat bekerja

Pranatacara = wong kang jejibahane nglumantarake adicara

Rantaman = susunan acara/urut-urutaning adicara

Sih sutresna = ditresnani/sih katresnan

Njaluk lilah = nyuwun idin

Kita = awake dhewe

Tanggap wacana = atur pangandikan/pidhato

Karantam = karacik/kasusun

Rancag = lancar

Ndhapuk = gawe

Kiprah = kridhane

Bombong = mogkog(bangga)

Ngadeg jajar = ngadeg jejer

Jawat asta = salaman

Materi Pelajaran Bahasa Jawa Kelas VII


NDANDANI KRETEG

Dina Minggu aku sakanca,

padha saeyeg saeka praya,

nggawa pacul, ekrak, lan sapu sada,

bebarengan lawan para warga.

 

Enom tuwa jaler  estri,

Kabeh padha kerja bakti,

Kreteg rusak didandani,

Gotong royong saeka kapti.

 

Pakaryan abot bisa purna,

Amarga bareng tumandang karya,

Ngasilake wewangunan,

Kteteg kang bisa kanggo dalan

 

Tembung wigati:

saiyeg: dadi siji tekade

saeka(eka=siji): dadi siji

praya: ditindakake/digarap bebarengan

kapti: karep

jaler: lanang

estri: wadon

lawan: lan

pakaryan: pagawean

wewangunan: bangunan

 

Tugas:

1. Nggoleki tegese tembung-tembung

2. Nggoleki isine geguritan

MATERI TEMBANG KELAS IX SMP


 

SERAT TRIPAMA

(Dhandhanggula)

 

Yogyanira kang para prajurit

lamun bisa sami anulada,

kadya nguni caritane,

andelira sang Prabu

Sasrabahu ing Mahespati,

aran Patih Suwanda

lelabuhanipun,

kang ginelung tri prakara,

guna kaya purun ingkang den antepi,

nuhoni trah utama.

 

Tembung wigati:

yogya: becike

lamun: manawa

anuada: niru/conto

tripakra: telung prakara

nuhoni: netepi

 

Lire lelabuhan triprakawis,

guna bisa saneskareng karya,

binudi dadi unggule,

kaya sayektinipun,

duk bantu prang Magada Nagri,

amboyong putri dhomas,

katur ratunipun,

purune sampun tetela,

aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,

Suwanda mati ngrana.

 

Tembung wigati:

triprakawis: telung prakara

mati ngrana:mati sajroning paprangan

duk: nalika

ditya: buta

Ngalengka aji: ratu ing Ngalengka

Magada nagri: negara Magada

Dhomas: wolung atus

 

KINANTHI

Nadyan asor wijilipun,

yen kalakuane becik,

utawa sugih carita,

carita kang dadi misil,

iku pantes raketana,

darapon mundhaking budi.

Poma-poma wekasingsun,

mring kang maca layang iki,

lair batin den estokna,

saunine layang iki,

lan den bekti mring wong tuwa,

ing lair praptaning batin.

 

Tembung wigati:

nadyan: sanajan

asor: ala

darapon: supaya

poma-poma: wanti-wanti

praptaning: tekaning

 

SINOM

Amenangi jaman edan,

ewuh aya ing pambudi,

melu edan nora tahan,

yen tan melu anglakoni,

boya kaduman melik,

kaliren wekasanipun,

ndilalah kersa Allah,

begja- begjane kang lali,

luwih begja kang eling lawan waspada.

 

Tembung wigati:

amenangi: ndenangi/ngalami

boya: ora

waspada: ngati-ati

 

DHANDHANGGULA

Lamun sira anggeguru kaki,

amiliha manungsa kang nyata,

ingkang becik martabate,

sarta kang wruh ing kukum,

kang ngibadah lan kang wirangi,

sokur oleh wong tapa,

ingkang wus amungkul,

tan mikir pawehing liyan,

iku pantes sira guronana kaki,

sartane kawruhana.

 

Tembung wigati:

martabat: pakarti, tumindak

wong tapa: wong sing seneng tirakat, prihatin

lamun: manawa

sira: kowe

wirangi: ora tumindak sing gawe wirang

amungkul: wis ora mikir kadonyan/bandha

sartane: lan uga

kawruhana: ngertenana