Arsip Kategori: TEMBANG MACAPAT

Tembang Macapat


 

DHANDHANGGULA

Dhedhep tidhem prabawaning ratri,

Sasadara wus manjer kawuryan,

Tan kuciwa memanise,

Menggep srina teng dalu,

Siniwaka sanggyaning dasih ,

Aglar neng cakrawala,

Winulat ngelangut ,

Prandene paksa kebekan,

Saking kehing tarang gana kang sumiwi,

Warata tanpa sela .

 

Tembung wigati:

ratri : wengi

sasadara: rembulan

kawuryan: ketara

 

 

ASMARADANA

Poma-poma wekas mami,

Anak putu aja lena,

aja katungkul uripe,

lan aja duwe kareman,

marang pepaes donya,

siyang dalu dipunemut,

yen urip manggih hantaka.

 

Tembung wigati:

poma-poma: wanti-wanti

lena: ora ngati-ati

wekas: weling

hantaka: mati