Arsip Kategori: WANGSALAN

Wangsalan


WANGSALAN

Wangsalan iku ukara saemper cangkriman nanging batangane sinebut pisan, sanajan ora diblakakake (bisa dititeni ing wanda gatra candake).

Manut wujude wangsalan kaperang:

1. Wangsalan lamba

   Tuladha:

   Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso.  roning mlinjo: so

   Sarung jagung, abot entheng dilakoni. sarung jagung: klobot

   Balung janur ngusadani lara ati. balung janur: sada