DP SMP N 1 WONOSARI NGAWONTENAKEN REFLING


Slideshow ini membutuhkan JavaScript.

Gugus Depan 023-024 Pangkalan SMP N 1 Wonosari ngawontenaken galdhen  “Refling”(turun tebing) ing lepen Oya. Gladhen “Refling” menika dipuntindakaken  dinten Minggu tanggal 22 Januari 2011,  mapan ing lepen Oya. Peserta kegiatan menika dumados saking Dewan Penggalang Gugus Depan SMP N 1 Wonosari Periode 2011-2012 cacahipun 25 siswa.  Dewan Penggalang menika  sampun kasil kapilih saha  kalantik kala dinten Jumat,  tanggal 13 Januari 2012. Dewan Penggalang  nggadhahi tanggel jawab saha jejibahan ingkang  awrat,  inggih menika minangka tepa tuladhanipun anggota Pramuka ing Gugus Depan SMPN 1 Wonosari mliginipun saha Gugus Depan-Gugus Depan  ing Gunungkidul umumipun. Kegiatan gladhen  “Refling”  menika nggadhahi ancas supados para anggota  DP nggadhahi mental  ingkang kiyat. Kanthi gladhen “refling” menika saged nuwuhaken mental kiyat saha ndadosaken para peserta badhe nggadhahi raos  raos tresna dhateng alam lingkungan. Gladhen “Refling menika mbetahaken mental ingkang kiyat, menawi boten gadhah mental kiyat saha kekendelan temtu kemawon boten badhe wantun  mandhap saking jurang ingkang lebetipun kirang langkung 20 meter. Salebetipun glahen sedaya peserta sami nyobi mandhap jurang ing lepen Oya. Sanajan  saderengipun kawiwitan kathah para peserta ingkang sami kuwatos, ndhredheg, saha gemeter. Namung sasampunipun dipuntuntun saha dipunparingi tuladha dening Instruktur ingkang sampun prigel( Mas Komeng lan Mas Devri), sedaya peserta kalebet pembinanipun lajeng tuwuh greged lan kekendelanipun. Ing wusananipun  sedaya sami purun nyobi, kepara sasampunipun nyobi sedaya  kepengin  badhe nyobi malih.

Sukses kangge DP enggal SMPN 1 Wonosari !!!!!!

4 tanggapan untuk “DP SMP N 1 WONOSARI NGAWONTENAKEN REFLING”

  1. nderek bingah kak Tri, ngendikanipun sampun nyobi rapling, kados pundi raosipun? mawi ndredeg mboten? menawi kesengsem saged nyobi malih wonten sanes wekdal kula tengga nggih, sak mangkih saged lomba rapling kaliyan kula

Tinggalkan komentar