UNGGAH-UNGGUH BASA


UNGGAH-UNGGUH BASA

Unggah-Ungguh Basa
Manut owah gingsire jaman, ragam basa Jawa saiki mung kapantha dadi loro, yaiku basa ngoko lan basa krama. Basa ngoko kapantha maneh dadi loro: ngoko lugu lan ngoko alus. Basa krama uga kapantha dadi loro: krama lugu lan krama alus. Bedane ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
1. Ngoko Lugu
Ngoko lugu wujude kabeh tetembungane migunakake tembung ngoko. Ngoko lugu digunakake kanggo omong-omongan antarane wong sing wis kekancan akrab lan wong tua marang anake.
Tuladha:
1) Kowe mengko ana ngomah apa ora?
2) Amir ora mlebu sekolah jalaran lara weteng.
3) Kowe sida melu bapak menyang Sala apa ora Le?
4) Mengko bengi sinau bareng ana ngomahmu ya?
2. Ngoko Alus
Ngoko alus wujude tembung-tembung ngoko kang kacampuran tembung krama kanggo ngajeni wong sing diajak guneman/omongan. Ngoko alus biasane digunakake kanggo omong-omongan antarane wong tuwa kang wis akrab nanging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Tuladha:
1) Pak Parna saiki wis rawuh apa durung?
2) Panjenengan arep tindak menyang Gunungkidul dina apa?
3) Mas Parja arep siram saiki apa mengko?
4) Wingi Pak Lik rawuhe nitih motor mabur.
3. Krama Lugu
Krama lugu wujude kabeh tetembungane nganggo tembung krama nanging wuwuhane isih migunakake wuwuhan basa ngoko. Krama lugu biyasane digunakake dening bakul ing pasar menawa omong-omongan karo wong kang arep tuku.
Tuladha:
1) Sampeyan mundhute sayur ingkang pundi?
2) Mangke kula betakake dhateng daleme panjenengan.
3) Kopine sampun diunjuk eyang kakung.
4) Bapak kondure mangke jam kalih.
4. Krama Alus
Krama alus wujude kabeh tetembungane krama kabeh. Krama alus digunakake kanggo wong nom menawa matur marang wong tuwa, anak buah marang pimpinan, lan wong sing durung kenal.
Tuladha:
1) Mangga pinarak, panjenengan sampun dipuntengga bapak.
2) Menawi sampun dados tugasipun saged dipunkempalaken.
3) Bapak lan ibu sampun tindak dhateng Jogja kala wingi.
4) Pak, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas buku basa Jawi.

Tuladha cak-cakane unggah-ungguh basa ing padinan
Semaken wacan ing ngisor iki?
SAWAH
………………………………………………………………………………………………………………………………….

Esuk kuwi, mbah wongso uga katon menyang sawah nggawa pacul sing disampirake ing pundhake. Tangane kiwa katon kelap-kelip amarga ing slempitane driji ana mawane. Klempas-klempus sadalan-dalan katon nikmat banget.
Wektu kuwi Parja lagi nyapu latar sing kebak godhong jambu.”Mruput, Mbah! Tindak Sabin?”
“Genah nggawa pacul ngono, mosok arep njagong.” Semaure Mbah Wongso sakecekele. Mbah Wongso sanajan wis tuwa nanging isih seneng guyonan. Malah ana sing ngarani Mbah Gaul.
“Panjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula boten aruh-aruh, mangke diarani cah enom boten ngerti unggah-ungguh.”
“Oo, ya wis bener Le. Lho kowe gek nyapu?”
“Boten Mbah, niki nembe dhahar.”Parjo mbales Mbah Wongso.
“Dhahar gundhulmu kuwi! Lha kok malah mbales.” Wong loro padha ngguyu.
Tekan sawah Mbah Wongso nyelehake pacule. Dheweke terus lungguh nyawang tanduran pari sing wis merkatak. Sawise ngentekake udute. Mbah Wongso terus mak nyat ngadeg, terus mbabati suket sakiwa tengene tanduran pari. Sukete diklumpukake kanggo pakan wedhus.
Udakara jam sanga esuk, Suminah anake wadon katon nggawa sarapan lan wedang teh sing ginasthel, legi panas tur kenthel. Keringet wis dleweran, weteng ya wis pating kluthuk njaluk diisi.
“Sarapan rumiyin Pak:”
“Kene Ndhuk! Wah kebeneran banget. Wetengku wis kluruk terus, je!”
“Wau saderenge tindak purih sarapan riyin boten purun.Wong nggih sampun mateng sedanten.”
“Mangan kuwi paling enak ki nek wis luwe ngene kiyi.”
Mbah Wongso anggone dhahar katon dhokoh nyenengake tenan. Mula ora mokal senajan wis sepuh isih katon gagah. Amarga olahragane macul ora tau leren lan dhahare ya akeh tenan. Bar dhahar terus ngunjuk benteran ginasthel kalajengaken udud. Kesenengan sing keri kuwi janjane wis dilarang dening anake wadon.
“Pak, mbok sesipun dipun kirangi. Nek saget malah mboten sah udud mawon. Cobi jenengan waos gen bungkus rokok niku! Merokok dapat menyebabkan kanker….”durung rampung wis dipunggel Mbah Wongso.
“Rak dapat menyebabkan, ta? Jarene Pardi wingi kae, dapat menyebabkan kuwi tegese ora mesthi. Iso lara iso ora, iyo ta? Jarene nek wong –wong ora udut, pabrik rokok isa bangkrut, karyawane padha nganggur, mbako ora payu, petani mbako klenger, pemerintah ora nampa pajeg. Jarene pajeg seka rokok kuwi paling gedhe, Ndhuk? Lho, piye? Aku udut iki rak membantu pemerintah, ta?”
“Panjenengan niku nek diaturi mesthi ngeyel. Mengke nek gerah paru-parune mang raoske piyambak!” Suminah katon mrengut.
Ora let suwe sarampunge Mbah Wongso dhahar,saka wetan katon wong loro lanang-wadon numpak pit montor nyedhak marang lungguhe Mbah Wongso.Wong loro mau terus nyelehake heleme terus mudhun nyalami Mbah Wongso lan Suminah.
“Nyuwun pirsa, ingkang nggarap sabin niki sinten ,Mbah?” Wong wadon mau takon marang Mbah Wongso.
“Kula!” semaure Mbah Wongso.
“Panjenengan nyewa sabin niki saking sinten?”
“Lho, nyewa pripun? Sampeyan ampun golek perkara, niki sabin kula. Kula tumbas pun sedasa taun kepengker! Malah wonten surate, surtipikat niku,lho!”.
“Pak, jenenge sertifikat!” Suminah njawil bapake.
“Nggih ngoten niku!” Semaure Mbah Wongso.
Oleh keterangan saka Mbah Wongso, wong loro lanang-wadon mau padha ulat-ulatan semu gumun.
…………………………………………………………………………………………………………………………..
(Mutiyara Basa Jawa 3: 61 – 62)
B. Wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngisor iki nganggo basa krama!
1. Sebutna unggah-ungguh basa kang ana ing pethikan cerkak ing ndhuwur!
2. Nalika Parja ngeruhi Mbah Wongso migunakake basa apa?
3. Basa apa kang digunakake Suminah nalika guneman karo Mbah Wongso?
4. Mbah Wongsa anggone rembugan karo Suminah migunakake basa apa?
5. Basa apa kang digunakake wong lanang wadon nalika guneman karo Mbah Wongso?

Negesi tembung
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana kramane!
1 katon ………………………..
2 nggawa ……………………..
3 disampirake ………………
4 kecekel …………………….
5 diarani ……………………..
6 enom ………………………..
7 ngguyu ……………………..
8 sawah ……………………….
9 lungguh …………………….
10 nyawang ………………….
11 tanduran ………………….
12 wedhus ……………………
13 diklumpukake ………….
14 udakara …………………..
15 esuk ………………………..
16 weteng …………………….
17 mangan ……………………
18 ngombe ……………………
19 lara ………………………..
20 gedhe ……………………..

Tembung-tembung ing ndhuwur, sawise ketemu kramane, tembung nomer 1 tekan 10 gawenen ukara!

No Tembung Ukara
1 ………. ………………………………………………………………………………
2 ………. ………………………………………………………………………………
3 ………. ………………………………………………………………………………
4 ………. ………………………………………………………………………………
5 ………. ………………………………………………………………………………
6 ………. ………………………………………………………………………………
7 ………. ………………………………………………………………………………
8 ………. ………………………………………………………………………………
9 ………. ………………………………………………………………………………
10 ………. ………………………………………………………………………………

Ukara-ukara ing ngisor iki owahana manut unggah-ungguh basane!
1. Panjenengan niku nggih aneh, Mbah! Nek kula boten aruh-aruh, mangke diarani cah enom boten ngerti unggah-ungguh.
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
2. Boten Mbah, niki nembe dhahar.
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
3. Wau saderenge tindak purih sarapan riyin boten purun.
………………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………………….
4. Nek saget malah mboten sah udud mawon.
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..
5. Nggih ngoten niku!
……………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s