Peteng


CERKAK

Peteng

Indra lagi asyik ngelapi sepedah montore. Kabeh diresiki ora ana kang kliwatan. Sela-selaning ruji uga ora keri. Tangan kiwane nyemproti nganggo cairan pengkilap logam. Tangan tengene banjur ibut nggosoki nganggo suwekan kaos tilas sragam bal-balane, bola-bali digosok. Indra mesam-mesem. Dheweke ngilo ing slebor montore kang kincling meling-meling. Wayangane pancen katon cetha nanging wujude ya pating plethot urut karo wujude slebor montor. Sirahe Indra dadi dawa. Lucu.

“Wis jam setengah pitu Ndra, ndang mangkat mengko telat!” Simboke Indra ngelingake karo madhahi tela pohung ana ing bagor. Sedyane arep digawa menyang pasar.

“Hemm… iki ya wis arep mangkat, njaluk sangune Mbok!” Indra wangsulan karo ngadeg nguncalake gombal suwekan ana pojokan.

“Kae anane mung limang ewu, aku lagi arep adol tela iki ana pasar, muga-muga wae wae mengko laangsung didhuwiti.” Wangsulane Mboke Indra karo ubat-ubet naleni bagor isi tela pohung.

“Ming mang ewu, entek nggo tuku bensin Mbok…..” Indra mecucu.

Ora let suwe Indra wis nyangklong tas ireng lecek. Ing pinggir ana gambar tengkorake. Motor banjur distater, ora suwe Indra banjur nggeblas. Ibune gedhek-gedhek karo unjal ambegan.

Thet…thet….thet …. Swara bel sekolah tandha mlebu wis muni. Swarane seru ngeget-ngegeti. Ngalahake swarane bocah kang padha pating brengok ing latar sekolah. Bareng krungu swara bel banjur pada baris urut ing ngarep kelase dhewe-dhewe. Jenenge bocah, wis baris ya isih kober gojegan, geret-geretan. Siswa lanang-lanang ana saperangan kang pancen rada nyebahi. Bocah-bocah mau lagi gelem anteng nalika weruh bapak ibu guru wis metu saka ruang guru tumuju ing kelas.

”Sugeng engjing para siswa” BuWeni guru telas telu paring salam.

Sugeng enjing Bu…! Para Siswa wangsulan.

”Sapa sing ora mlebu dina iki?” Bu Weni mbacutke pitakon.

”Indra …. Bu, pun gangsal dinten!” Jatmika ketua kelas atur wangsulan.

”Apa ana sing ngerti neng ngendi Indra kok wis limang dina ora mlebu.” Pitakone Bu Weni meneh.

”Esti niku sing ngertos Bu!” Bagiyo celathu.

”Boten ding Bu, kula boten ngertos.” Esti bocah wadon lemu ginuk-ginuk gage nrambul matur gurune. Kanca-kancane ger-geran.

”Wis-wis aja mbeda kanca ta ora becik. Ya wis mengko dak rembugan karo guru BP.” Bu Weni ngendika. Wulangan banjur diwiwiti. Bocah-bocah banjur padha meneng ngatekake piwulange Bu Weni, guru ayu tur pinter idholane bocah-bocah.

Dina candake, langit mendhung. Dalan dalan isih teles. Ing papan-papan legokan banyu katon isih ngembong. Udan bengi mau sajake rada deres. Banyu-banyu udan kang ana ing godhong isih padha netes. Kaya luh kang netes saka mripate mboke Indra kang bola-bali diusapi ngaggo kacu kumal.

”Estu Bu kula boten mangertos, menawi anak kula ngaten menika, lha wong menawi enjing nggih pamitipun nggih sekolah, nggih sragam Bu, malah inggih nyuwun sangu barang Bu.! Mbok Indra crita ndrindhil.

”Inggih Bu kula mangertos, nanging yektosipun makaten Indra sampun gangsal dinten boten mlebet tanpa katrangan. Kamangka, kalih minggu malih sampun UNAS, la miturut data Indra dereng nate lulus saben wonten latihan ujian. Menika rak mrihatosaken, mila Ibu kula aturi rawuh mriki supados mangertosi dhodhok selehipun kadadosan menika.” Bu weni njlentrehake kahanan. Swasana ing njaba saya peteng merga mendhunge saya kandel malah banjur grimis. Banyu udan kang netes saka gegodhongan saya akeh kaya luhe Mboke Indra kang ora bisa kabendung mrebes mili dleweran neng pipine.

Wengi saya peteng. Kahanan sepi nyenyet. Walang-walang kang biasane muni pada meneng. Kaya –kaya melu rumangsa wegah arep pada gojegan. Wong ing Desa kemiri ya desane Indra padha milih kemul sarung sinambi nonton televise. Gardu sing biasane ger-geran uga sepi nyenyet, kaya kuburan.

Hawa adhem njekut. Nanging, ora mangkono swasana ing omahe Indra. Hawane krasa panas.

”Lha kowe ki kok ngapusi barang ta Ndra karepmu ki kepriye? Pamitmu jare sekolah ning nyatane kowe ora tekan sekolahan. Simbok isin to le dipanggil neng sekolahan. Simbok isin Hara saiki dak takon ora sekolah ki kowe lunga nyang ngendi?” Mbok Indra ngedrel takon.

”Dolan” Indra wangsulan cekak aos karo ethok-ethok bikut ndandani montore. Slebor ngarep benthet entuk pojokan gardu wingi awan.

”Dolan…dolan neng ngendi?” Mboke Indra takon maneh.

”Dolan ya dolan.” Indra wangsulan karo mecucu.

”Ndra ngendikane Bu Guru ujian kari rong minggu yen kowe nganti ora sinau tenanan ya ora bisa lulus.” Mboke Indra ngelingake

”Walah Mbok, sinau ya ra lulus,ora sinau ya ro lulus, padha wae. Aku metu wae Mbok saka sekolah!” Indra ngadeg ngukuti kunci-kunci. Kabeh diuncalake ing kotak. Swarane pating krompyang.

”Metu….metu piye ta Ndra mung kurang rong mingggu Ndra.” Mboke Indra nyuwara rada seru.

”Metu ya, metu mbok aku wegah sekolah meneh. Aku ora bisa lulus. Kanca-kanca wis kandha, Guru-guru ya ngono.” Indra wangsulan seru karo mlaku metu nlesep petenging wengi.

Mboke Indra njegreg. Napase ngangsur-angsur. Dumadakan panyawange kumepyur banjur pet. Kabeh peteng.

Dening S. Yadi.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s