MATERI PELAJARAN PEPINDHAN KELAS VIII


BUDHALAN WADYABALA PANDHAWA

Wus tetela lamun Kurawa tan kena ginawe becik, puguh ngukuhi negara

Astina lan Indraprastha, pratandha Bharatayuda tan kena den wurungake.

Mangkana ta Pandhawa sigra apacak baris amepak wadyabala samekta ing yuda nedya ngrabaseng Kurawa ing Kurusetra mbelani bebener, bidhal saking alun-alun Wiratha.

Enjang budhal gumuruh saking nagri wiratha sagunging bala kuswa! Abra busananira, lir surya wedalira saking jalanidhi, arsa madhangi jagad. Duk mungup-mungup aneng sapucaking wukir, marbabak bang sumirat, keneng soroting surya mega lan gunung-gunung.

Lah ing kana tawau, untaping wadyabala Pandhawa saking Wiratha aselur –elur tan ana pedhote, tinon saking mandrawa pindha sela blekithi. Sela- watu, blekithi – semut. Lamun sinawang kadya semut lumampah ing watu.

Kumelaping kakandha miwah kumlebeting dwaja apadene umbul-umbul kadi werdhu angga sasra. Werdhu – lintah, angga – banyu, sasra – sewu. Kadya lintah sewu kumelap ing banyu.

Bengingehing kuda, pangempreting dwipangga, pangeriking kuda, swaraning janma, miwah kropyaking watang gathik binarung lan swaraning tambur gong beri mawurahan pindha warsa kinteki. Warsa – udan, kinteki – wana pejaten. Kadi talethoking udan ing alas pejaten. Nyrangaping langkap, bedhil , tumbak landheyan pindha jati ngarang.

Lampahing wadyabala sajuru-juru datan kena wor suh. Kang busana putih kumpul padha seta, tinon saking mandrawa pindha kontul neba. Kang busana abang kumpul padha rekta, tinon saking mandrawa abra markatha pindha wukir kawlagar. Wukir – gunung, kawlagar- kobong, kadi gunung kobong. Kang busana ijo kumpul padha wilis, tinon saking mandrawa pindha tanem lagya gumadhung. Tanem – tandur, gumadhung – ijo royo-royo. Kang busana kuning kumpul padha pita, tinon saking mandrawa pindha podhang areraton. Podhang wus ngarani arani peksi, areraton – areroyoman. Kang busana ireng kumpul padha langking, tinon saking mandrawa pindha gagak areraton, kadya peksi gagak areroyoman.

Baleduging lampah peteng angampak-ampak angendanu pindha mendhung.

Mangkana ta lampahing wadyabala Pandhawa wus prapteng laladan Kurusetra kang minangka dadi ajanging prang mbrastha durangkara. Para wadyabala Pandhawa sigra makarya yasa pakuwon kinarya palereman.

(Pethikan Mardi Jawi 3, Hal 22 – 23: Drs. Sutarno; Widya Duta. Surakarta, 1987)

Wangsulana kang patitis!

1. Apa sababe dene Bharatayuda ora bias diwurungake?

2. Perang Bharatayuda iku perange sapa?

3. Budhalan wadyabala Pandhawa iku saka ngendi menyang ngendi?

4. Sing digambarake kaya pletheking srengenge kang njedhul saka segara iku apa?

5. Kang digambarake kaya dene semut mlaku ana ing watu iku apa?

6. Kang digambarake kaya dene lintah sewu padha pating krelap ing banyu iku apa?

7. Apa sing digambarake kaya tlethoking banyu ana ing alas pejaten?

8. Lakune wadyabala Pandhawa iku nyata ora wor suh. Apa buktine?

9. Bareng wis tekan Kurusetra, wadyabala Pandhawa banjur padha ngapa?

10. Wacan mauana ing kasusastran Jawa kalebu apa? Apa buktine?

2. Negesi Tembung

1. Puguh = ora gelem miturut panemune, kukuh

2. Ngrabaseng = ngrusak

3. Bala kuswa = wadyabala

4. Surya = srengenge

5. Jalanidhi = segara

6. Tinon = katon

7. Mandrawa = kadohan

8. Dwipangga = gajah

9. Watang = tumbak

10. Mawurahan = rame, umyung

PEPINDHAN

Pepindhan: unen-unen kang ngemu teges pepindhan lumrahe migunakake tembung kaya, lir, pendah, pindha, kadi, kadya.

Pepindhan iku saka tembaung “pindha”(tegese memper, irib-iriban, pepandhan/tetandhingan) , pepindhan (dirangkep purwane lan oleh panambang(akhiran) –an)>>>>> pindha——pipindha +an, banjur owah dadi pepindhan.

Tuladha :

1. Tandange kaya jangkrik mambu kili, yaiku tandang kang cukat, kaya orep nyaut mungsuhe utawa ngemah-ngemah mungsuhe

2. Tandange kaya bantheng ketaton, yaiku tandang nggegirisi ora wedi sapa-sapa.

3. Swarane kaya mbelah-mbelahna bumi, yaiku swara kang sora, banter utawa seru.

4. Lambayane kaya merak kesimpir(sengkleh/tugel), lumrahe lambeyane wong njoged.

5. Rukune kaya mimi lan mintuna.Mimi lan mintuna iku bangsane kewan segara. Mimi iku wadon dene mintuna iku sing lanang. Yen sesaba prasasat ora tau renggang, awor terus.

6. Panase kaya mecah-mecahna gundhul, ateges panas banget, nganti kaya mecahake sirah. Gundhul=sirah dicukur rambute.

7. Tandange kaya sikatan nyamber walang, tegese tandange trengginas cekat-ceket.

8. Sumbare kaya bisa mutungake wesi gligen. Gligen: wesi sing kuwat banget(batangan).

9. Kuning pindha mas sinangling. Siangling: digosok nganggo sangling(piranti kanggo nggosok emas)

10. Putih memplak kaya kapuk diwusoni. Wusu iku araning piranti kang wujude kaya gendhewa nanging cilik.

11. Cahyane nglentrih kaya rembulan karahinan. Rahina=awan.

12. Lakune kaya macan luwe(macan ngelih).Tegese lakune alon banget(glendheh-glendheh)

13. Mbranyake kaya Srikandhi ( samba). Praen mbranyak iku kang rada ngangak, lumrahe guneme kumrecek tur sentak.

14. Ruh-ruhe kaya Sumbadra. Ruruh=rada ndhungkluk. Lumrahe guneme kumrecek tur sentak.

Golekana apa pepindhane?

1. Rupane bocah loro iku meh padha, kaya ….

2. Swarane Parno sora banget, kaya ….

3. Pasedulurane bocah loro iku ora bisa akur. Kaya ….

4. Awan iki panas banget, kaya ….

5. Ahmad lan Badrun rukun banget kaya ….

6. Ani manawa njoged lembeyane, kaya ….

7. Pinanganten kakung baguse kadya Raden Kamajaya dene ingkang putri, kaya ….

8. Bareng Pak Guru duka, bocah-bocah cep klakep kaya ….

9. Dedeg piadege gagah prakosa kaya, kaya ….

10. Bocah loro iku anteng banget, kaya ….

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s